Senin, 18 Oktober 2021

PANGUDHARASA SEPTEMBER

(Dibuat bulan September)

Urutan sasi kaping sanga ing tahun Masehi. Ing tahun rongewu selikur iki ing tahun Jawa isih nemu sasi siji/sura. Pranata mangsa kasiji (kasa) lan kaloro (karo) ana ing Windu Sangara. Meh tumuju ing mangsa katelu (katiga). Sasine September, mangsane katiga, ora ana udan. Ujare wong tuwa mbiyen asat-asate sumber.
Banyu iku panguripan. Ojo dianggo dolanan. Ojo dibuwang sembarangan. Digunakake kanthi kebak pangati-ati.
Ujare wong tuwa jama semono banyu mili mudhun. Iku jaman rikala alam isih dijaga. wiwit saka hulu tekan hilir banyu mili teratur awit saka karsana Gusti Allah.
Ananging jaman saiki beda. Banyu miline wis ora aturan. Mondar-mandir sak karepe dhewe amarga polahe manungsa sing nyikara alam. Saben ukara utawa micara ora nganggo rasa. Ananging amung cara pencitraan.
Kabeh wacana mung sinawang saka njaba, ora dipikir intine apa. Bebasan ngarani isine buku amung mergo rupa samake. Nyawang kahanan paraga mung didheleng saka panganggone. Ana prakara amung digedhekake omonge.
Ukara sing kerep disebut “sapa sing gelem nglakoni?” tanpa usaha golek ‘solusine’ kanggo ngrampungi.
Bocah ulang tahun dikudang bisaa dadi bocah sing sholeh. Ananging ora diajari ibadah sholat.
Kewan sing kudune dikandang diumbar. Ananging sing kudune urip bebas malah dikurung.
Akeh wong ngaku pinter, akeh sarjana. Ananging analar bocah TK. Ngudi ilmu ora dicakne kanthi pener.
Ana ukara penting sing kudu dirasa, ujare para ulama (Segala sesuatu apabila diserahkan kepada yang bukan ahlinya, tunggu kehancurannya).
Laku apa wae butuh ilmu.
Akeh wong sing wis lali adat budayane (jaman saiki disebut kearifan lokal). Ilmu apa wae kudu diterapake kanthi bener. Sapa wae kudu gelem tansah ngudi ilmu. Saiki maneka cara, sarana kanggo sapa wae bisa dilakoni saka ngendi wae lan uga bisa dilakoni wiwit umur pira wae.
Zaman saiki akeh sing padha lali jati diri. Wong Jawa lali jawane, Wong Jawa lali budayane, lali basane, lali aksarane. Amarga ora gelem sinau lan ora gelem nguri-uri. Kepara padha ngeboti budaya manca. Padha lali karo budaya tinggalane para leluhur. Apa kelakon ing mengkone wong Jawa lali ora bisa basa jawa, lali ora bisa hanacaraka sing wusanane budaya jawa bisa musna? Apa kelakon yen mengkone anak putu sinau basa Jawa menyang negara manca?
Ayo para warga kadang sedulur, kearifan lokal Jawa padha diupakara. Langgenge budhaya Jawa diuri-uri.
Aku dudu sapa-sapa
Aku ora bisa apa-apa
Aku mung bisa ngudharasa
Mugi Gusti Allah paring pangapura
_Hana kaku daku daku sana pana sana pana_
_Hana kaku halingrung rana balu sana hana pana hana pana_
_Hana kaku makucak balu sana ngaku dhana rana sana_

Karangturi, Setu Legi, 24 Sapar 1955.
Seratanipun Ibu Sri Sulastrini,B.Sc. Dusun Karangturi, Desa Bulurejo, Kecamatan Nguntoronadi, Kabupaten Wonogiri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PANGUDHARASA SEPTEMBER

(Dibuat bulan September) Urutan sasi kaping sanga ing tahun Masehi. Ing tahun rongewu selikur iki ing tahun Jawa isih nemu sasi siji/sura. ...